Jenise Pala (Jenis Buah / Umbi) :
1. Pala Gumantung
Woh - wohan kang gumandhuling wit sing umure cendhak. (Buah - buahan yang menggantung di pohon yang umurnya pendek)
Tuladha : gedhang (pisang), kates (pepaya)
2. Pala Kependhem / kapendhem
Woh - wohan sing kependhem ing lemah. (Buah-buahan yang tumbuh di dalam tanah)
Tuladha : gembili, pohong (singkong), tales (talas), tela (ubi jalar / ketela rambat), uwi
3. Pala Kasimpar
Woh - wohan sing wite rumambat. (Buah - buahan yang pohonnya merambat)
Tuladha : semangka, timun / krai (mentimun), waluh (labu pumpkin)
4. Pala Kirna
Woh - wohan kang gumandhuling wit nanging umure dawa nganti puluhan taun. (Buah - buahan yang menggantung di pohon namun umurnya lama bisa sampai puluhan tahun)
Tuladha : duren (durian), jambu, jeruk, nangka, pelem (mangga)
Liyane 4 sing kasebut mau, uga ana sing diarani palawija lan pala kitri.
- Palawija
Tanduran kang tinandur ing tegal saliyane pari. (Tumbuhan yang ditanam di ladang/sawah selain padi)
Tuladha : kedhele (kedelai), jagung, wijen, tela (ubi jalar).
- Pala Kitri*
Tanduran kang tinandur ing pekarangan. (Tumbuhan yang ditanam di pekarangan)
Tuladha : Jambu, jeruk, pelem (mangga)
Keterangan :
* : ana sing ngarani pala kitri padha karo pala kirna, yaiku tanduran sing wohe gumandhuling wit lan umure dawa, tinandur ing pekarangan (ada yang berpendapat kalau pala kitri sama dengan pala kirna, yaitu pohon yang buahnya menggantung dan umurnya panjang, yang ditanam di pekarangan)
Translasi Bahasa Jawa - Indonesia :
- Tuladha : contoh
Manawi wonten ingkang salah utawi mboten pepak, monggo comment wonten kolom komentar. Matur nuwun. (Kalau ada yang salah atau kurang lengkap, silakan komen di kolom komentar. Terima kasih.)
No comments:
Post a Comment